Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2018

Bumbu Pecel Yowis Ben

  Saben bengi aku gak iso turu, gak iso turu mikirno awakmu, kelingan kancamu… Astrea prima digajuli kuwi wes biasa, sebabe motor tuwa jinise mesti hybrid (bensin campur surung). Lha iki kok yo iso-isone becak digajuli, kuwi tetep kewanen. Becak kuwi terkenal nek tukang becake wes ngathungi kepel ngono wae hambok stom ra sido mlaku. Yowis ben lah, sakkarepe sik gawe film, ming yo jancuk pancene sangar tenan film iki. Mangkat sekolah numpak astrea disalip kancane, “ayo cuk, wes telat jek santai” “santai cangkemmu cuk, wes pol iki” Kuwi ra bedo adoh sakjane karo ceritaku dewe, numpak minthi sik bantere ra umum iso nempuh 100 km ning per taun. Mas Nugroho nek wes urusan film ora keno di paido maneh iseh di tambah Pa’Dhe Gun sing ahline babagan jupuk-jupuki gambar. Lik Bayu Skak, senajan aku yo gak patio seneng karo wujude   deweke neng yutub ming neng film iki ono peningkatan, sithik. Kolaborasine seniman-seniwati iki mau hasile jos gandhos. Ndapuk lokasi syut