Astrea prima
digajuli kuwi wes biasa, sebabe motor tuwa jinise mesti hybrid (bensin campur surung). Lha iki kok yo iso-isone becak
digajuli, kuwi tetep kewanen. Becak kuwi terkenal nek tukang becake wes
ngathungi kepel ngono wae hambok stom ra sido mlaku. Yowis ben lah, sakkarepe
sik gawe film, ming yo jancuk pancene sangar tenan film iki.
Mangkat
sekolah numpak astrea disalip kancane,
“ayo cuk, wes telat jek santai”
“santai cangkemmu cuk, wes pol iki”
Kuwi ra bedo
adoh sakjane karo ceritaku dewe, numpak minthi sik bantere ra umum iso nempuh 100
km ning per taun.
Mas Nugroho nek wes urusan film ora keno di paido maneh iseh di tambah Pa’Dhe
Gun sing ahline babagan jupuk-jupuki gambar. Lik Bayu Skak, senajan aku yo gak patio
seneng karo wujude deweke neng yutub ming
neng film iki ono peningkatan, sithik. Kolaborasine seniman-seniwati iki mau hasile jos gandhos.
Ndapuk lokasi
syuting neng Ngalam kuwi yo cen'ne pas temenan iso makili basane sing dinggo sakdawane
film. Basa-basa walikan sing ra kabeh wong podo ngerti. Sing jelas film iki ora
ming film guyon, iki gambarke cah enom sing kreatif, yo jane kere tenan ning
wani usaha karo ora isinan. Ngabekti karo wong tuwane sebabe duwe pangarep iso mbuktekake
lan gawe bangga keluargane.
Problem cah
SMEA disusun rapi, setting lawasan tenan kayane iki pengalaman pribadi
sutradarane. Seko urusan telat, bolos, karo sir-siran wedokan ono. Usahane yo
pol-polan ben koyo artis korea njur lipenan kui ngahahasuuu tenan. Ngincang-nginceng
sing ayu nganti guyon lawasan pat belas ewu sekilone koyo rego brambang.
Mula kuwi film
iki ora ming wujud hiburan lawak. Guyon lawak, komedi kuwi saiki wes ora ana,
anane ming wong nyacat kanca karo nggeguyu deweke dewe kuwi wae guyune mergo
bayaran. Yowis ben nduduhake lawak, guyon, gojek, komedi sing asli duwekane
dewe, ibarate lair meneh dikolaborasikno karo seniman ludruk sing kuat babagan materi
humore.
Wes cuk gek do delok ae! Dijamin kemekelen…
Komentar
Posting Komentar